RSS

Cerpen bahasa jawa



Batir Sing Gawe Seneng
            Kriiiiiiiing.... kriiiiiiing esuk-esuk jam beker wis mbrisiki kuping ketambahan mamane sing ngorong-ngorong bae.“ Chaaaaa.... gagian tangi! Bocah koh ndableg nemen. Gagian! Aja nguwel bae ning kampil mambu!” nyong wis kaya buronan narkoba sing arep dieksekusi mati. Digedor-gedor lawange bae ndeng  mamane. “ Iya ma, sabar sih ngapa! Esih jam pira jane?” Mbari ndeleng  jam. “ Astaghfirulloh ma. Jam nem kurang seprapat koh tembe digugah.” Nyong ndeleng jam ning hp mbari panik. “ Tembe digugah jere sapa? Wong mamane nggugah kawit mau esuk koh! Ya gagian papung! Mbokan kawanen!.” Iya leh ma” jawab nyong mbari lunga maring kamar mandi.
            Nyong papung urung ana 5 menit acan wis digedor-gedor bae lawang kamar mandine. Tes papung nyong gagian klambenan. Bareng nyong ndelelng jam tengan wis jam enem lewih patang puluh. Saking gagianen nyong kalasan langka wektu nggo maem, padahal maemane wis disiapna ndeng mamane ning meja.Jam pitu kurang seprapat nyong nembe mangkat sekolah.Kemungkinan besar nyong bisa telat.
Butul sekolah, nyong bener-bener telat. Ya bener banget, nyong telat mangkat sekolah. Nyong telat 3 menit. Padahal kie tembe dina ke-2 nyong kelas 8 ng SMP 1 AJIBARANG. “ Astaghfirulloh nyong  telat.” Mlayu-mlayu ora nggenah. Isin nemen ngliwati kelas 7. Untunge ning ngarep smp langka guru. Angger ana tah mampus yakin. Batire nyong sing arane Wati wis mimpin tadarus ning ngarep kantor guru. Mbareng wis butul kelas, nyong disuraki ndeng batir-batire. Apa maning dina kie nyong piket. Dadine  nyong ora piket. Wis disuraki, bocah-bocah juga pada protes nyong ora piket maning. “  Ssssssttt meneng bocah, aja pada reang. Tadarus koh.” Bentak Bagus batir kawit kelas 7. Bocaeh melu OSIS dadine bocaeh tegas.
Teng...... teng...... teng..... bel istirahat moni. Nyong langka batir jajan dina kie. Dadine aku nyamper Tiyas, Manda karo Wati batir pereke aku. Terus maring kantin bareng-bareng. Ning kantin aku ketabrak Bagus nganti aku tiba. Ndeng Bagus karo batir-batire malah disuraki karo diguyoni. Nyong isin nemen maring bocahan. “ Heh bocah, dienggo ya  mripate aja ndlenger bae. Pada tega nemen bukane ditulungi malah  pada disuraki.” Wati kesuh nemen maring Bagus cs. “ Ya Gus, ko mbok OSIS koh malah kaya kue, maraih ora bener.” Tiyas montong-montong ngomeih Bagus. “ YaAlloh gari menyat dewek koh. Apa ora teyeng? Hahahaha.” Si Tyo karo Ahmad ngguyu-ngguyu puas nemen ngledeki aku karo batir-batirku. “ Wislah Yas, Wat, Nda, ayuh lunga bae. Nyong esih teyeng menyat dewek ikih.” Nyong menyat mbari kesuh nemen. Si Bagus malah meneng bae, sok ganteng nemen ya anu emang ganteng sih.
Teng...... teng..... teng..... bel mlebu. Ning kelas ana tugas tok, tapi kelompokan lanang wadon. Aku keduman karo Bagus gara-gara acakan kelompoke. “ Cha, aku keduman karo ko kelompoke.” Bagus tumben mandan ora cuek. “ Ya Gus.” Aku grogi ora teyeng ngomong ning ngarepe Bagus. Bagus jebulane pinter nemen. Teyeng nemen pelajaran Basa Jawa.
Bel bali wis moni. Kabeh bocah gembrudugan pada metu kelas. Kecuali aku karo Bagus. Aku karo Bagus arep ngerjakna tugas Basa Jawa gara-gara urung rampung sing kon dekumpulna minggu ngarep. Bagus kue bocaeh tepat waktu nemen. Dadine kabehan tugas ngudu cepet rampung, beda nemen karo aku, sing jerene mamane ndableg nemen, padahal ya ora ndableg. Tugas wis rampung, gari aku balik maring ngumah bareng batire aku sing arane Tiyas, nyong karo Tiyas baline bareng bae anu umaeh sejurusan. “ Gus, aku balik disit ya. Tugase digawa ko ya, nek digawa aku mbok ilang sih. Hehe.” Aku balik nggandeng Tiyas. “ Iya Cha” singkat, padat,  jelas lah pokoke Bagus tah. Mbareng wis wengi, aku sms Bagus. Angger aku ngesuk arep  pada nonton bareng karo batir-batire. “ Gus, ko ngesuk melu nonton apa ora?” smsse aku. “ Nonton apa Cha? Karo sapa bae sih?” Balese Bagus. “ Bioskop Gus. Karo batir-batire aku.” Balese aku. “ Oooh. Yaembuh kie Cha.” “ Ohh ya wis Gus.” Aku mandan kecewa maring Bagus, Bagus ngesuk bisa mangkat apa ora iloken. “ Yawislah turu bae. Ngantuk.”
Kukuruyuuuuuuukkk....
Minggu esuk, niate aku dina kie pada nonton karo batir-batire. Aku karo Tiyas mangkat bareng. Mbareng wis butul smp, langka bocah sijia. Aku mandan kecewa, mbokan pada ora mangkat. Sewise limolas menit, si Dodo karo Wati mangkat. Siji-siji bocah mulai mangkat. Ujang karo Manda mangkat juga, anu tes les jerenetah. Aku karo batir-batire ngenteni Bagus nganti sue nemen. Mbareng aku karo batir-batire arep mangkat, jebulane Bagus melu. Aku seneng banget mbuh kepriwe.
Sedurunge aku mlebu Bioskop sing ning Purwokerto, aku karo batir-batire dolanan disit ning Moro. Dina kue pokoke banget senenge. Pas wis jam tengah rolas, aku pada langsung maring Rajawali. Mlebu njero aku karo batir-batir milih film sing arep ditonton. Sewise nemu film sing cocok, akhire aku karo batir-batirelangsung tumbas karcis nggo mlebu maring studione. Jebulane karcise regane 35.000. Wati protes “ Waduuuhhh... larang temen karcise bocah. Ora sanggup.” Duite dikumpulna ning aku. Dadine aku sing mbayar maring kasir. Aku karo batir-batir langsung mlebu studione. Filme rame, sewise rong jam filme rampung. Nyong karo batir-batir metu jam tengah loro. Bareng metu, aku karo batir-batire langsung maring mushola nggo nglasanakna sholat dhuhur. Sewise sholat nyong karo batir – batir jalan – jalan sedela. Pas lagi jalan – jalan si Dodo ngomong “ Bocah, aku tah kencot nin. maem yuh lah.” Ujang juga ngomong “Iya aku be kencot. Yuh lah maem disit.”  Akhire nyong karo batir – batir maring nggon maem. Sawise maem si Tiyas ndeleng  jam, “ Bocah ayuh bali lah, wis jam tengah telu lewih.” Akhire  bocah-bocah pada setuju nek bali.
Mikrone wis butul ning Ajibarang. Si Bagus ngomong maring kenete mudun ning SMP. Bareng wis butul ning SMP. Seurunge bocah-bocah pada bali maring umaeh dewek-dewek,  Aku ngmong maring bocahan “ Suwun banget ya cah, dina kie nyenengi  banget. Ko pada emang batir-batir sing paling apik sing aku due.” “ Ya lah Cha, dewek juga pada kesuwun wis ditlaktir, hehe.” Jawab Tiyas makili batir kabehan kambi nyengir kabeh.  “Yawislah bali yuh wis sore” aku ngajak bali kabehan. Akhire bocah-bocah pada bali maring umaeh dewek-dewek. Aku bali karo Bagus karo Tiyas. Bagus mudun disitan. Aku karo Tiyas tetep lanjut kambi dadah-dadah maring Bagus. Pokoke dina kue dina sing paling nyenengi

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

Blogger templates