SESORAH ING
UPACARA PAHARGYAN TEMANTEN
1)
Pranatacara
(MC) ing upacara pahargyan
Nuwun,
para pinisepuh,
sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan.
Nyuwun pangapunten kula sampun kumawani ngadeg wonten ngarsa panjenengansedaya.
Nggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang
saweg sekeca pangandikan.
Kepareng
matur, kula minangka sesulihipun Bapak Rajona sekaliyan (ingkang hamengku gati)
ngaturaken sugeng rawuh saha panuwun ingkang tanpa upami, dhumateng panjenengan
sedaya, ingkang sampun nglonggaraken wekdal, rawuh paring donga pangestu dhumateng
temanten kekalih.
Salajengipun kepareng kula ngaturaken reroncening adicara ing dinten menika :
1.
Pambuka.
2.
Atur pambagya saking ketua penyelenggara.
3.
Atur saking kaluwarga temanten kakung.
4.
Atur saking kaluwarga temanten putri.
5.
Panutup/ donga.
Minangka pambukaning pahargya ning wekdal punika, sumangga kula dherekaken maos basmallah sesarengan. Sumangga.
Mekaten waosan basmallah minangka pambuka mugi-mugi Gusti paring
barokahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Para
rawuh ingkang minulya, adicara salajengipun inggih menika matur pambagya saking ketua penyelenggara. Dhumateng Bapak Putut
Banyu Aji, sekaliyan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng Bapak Putut Banyu Aji ingkang
sampun dados ketua penyelenggara ngaturaken
pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah sedaya. Adicara salajengipun inggih menika atur pasrah temanten kakung ingkang badhe dipunaturaken dening Bapak Bachrudin. Dhumateng Bapak Bachrudin kula sumanggakaken.
Para rawuh ingkang minulya, mekaten atur saking
kaluwarga temanten kakung. Adicara selajengipun inggih menika atur saking kaluwarga
temanten putri. Dhumateng Bapak Rajona sumangga.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur saking
kaluwarga temanten putri. Salajengipun adicara pungkasan inggih menika panutup.
Sumangga kito pungkasi adicara menika kanthi
ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti, dene adicara ing wekdal punika
saged kalampahan kanthi wilujeng tinebihna nir ing sambekala.
Kula pribadi manawi kathah kalepataning atur saha
solah bawa ingkang mboten mranani penggalih
anggenipun kula ndherekaken adicara ing dinten menika, kula nyuwun agenging pangapunten.
Matur nuwun.






0 komentar:
Posting Komentar